Sasya Arkhisna - Siro
Semburat cahyo wulan
Kang madangi mega
Gawe roso atiku nelongso
Teko sakjroning dada
Aku nduwe raga
Nanging kaya ora ana nyawa
Ngleyang sing tak rasa
Yen uripku raono siro
Siro tego mentolo hanyikso rogoku
Sing wis ayem bareng sabendino
Duh pepujaning ati
Yen wes ngene lumprahe
Luwih becik lalekno aku
Mung dungoku mugo siro
Bahagio nganti puputing yuswo
Posting Komentar untuk "Sasya Arkhisna - Siro"