Lirik Winda Dwi Lestari - Langka Perasaane



Lirik Winda Dwi Lestari - Langka Perasaane


Priwen perasaane priwen kang pikire
Sing dadi laki langka tanggung jawabe
Wong wadon mekaya mangkat meng Taiwan
Laki ning umah malah enak demenan

Kaya langka isine langka pisan wirange
Anak wis gede kakang kapan sadare
Apa sih karepe apa sih pengene
Umur nambah tua waktune kanggo keluarga

Kula rela mangkat sing umah demi keluarga
Kerja ning Taiwan nggo nyandangi masa depan

Sing dadi wong lanang bli nduweni perasaan
Kerjane klayaban mabok maen lan demenan
Daripada selalu digawe lelara
Mending pisah kula kang dadi rangda

Posting Komentar untuk "Lirik Winda Dwi Lestari - Langka Perasaane"