Lirik Lencu - Ecko

Lirik Lencu – Ecko

Sering aku ngrasakne ngeneki
Roso tresnoku mbok padakne wong liyo
Opo iki wes dadi nasibku
Kudu kelangan sliramu
Pas aku lagi sayange ambi awakmu

Opo pancen iki dalane
Kudu pisah karo sliramu tekan kene
Aku ora bakal nangisi kowe
Sing tak rasakne lencu neng njero atiku

Cobo eling elingen ndek biyen kae
Kowe nate janji opo karo aku
Saikine banjur lali
Amergo wes entuk penggantiku

Ojo mbok padakne aku karo wong kae
Aku mung wong ora duwe
Pancen iki wes dadi pestine
Katresnanku karo kowe mung cukup semene

Katresnanku karo kowe mung cukup semene wae

Posting Komentar untuk "Lirik Lencu - Ecko"